Sabtu, 24 September 2011

Gus Dur Syi'iran

GUS DUR SYI'IRAN TANPO WATON

            Astaghfirullah Rabbal baraya   ,  Astaghfirullah minal khathaya  

Rabbi zidni ‘ilman nafi’a  Wa waffiqni ‘amalan shaliha   Ya Rasulallah salamun ’alaik  Ya Rafi’asyani wad daraji  ‘Athfatayyaji ratal ‘alami  ,  Ya Uhailal judi wal karomi  2 x

 Ngawiti ingsun nglaras syi’iran  kelawan muji maring Pengeran   kang paring rahmat lan kenikmatan  , rina wengine tanpa petungan  2 x

            Duh bala kanca priya-wanita  aja mung ngaji syare’at blaka  gur pinter ndongeng nulis lan maca ,tembe mburine bakal sangsara  2 x
           
Akeh kang apal Qur’an haditse seneng ngafirke marang liyane kafire dewe gak digatekke,yen isih kotor ati-akale  2 x

Gampang kabujuk nafsu angkara ing pepahese gebyare ndunya  iri lan meri sugihe tangga , mula atine peteng lan nistha 2 x

            Ayo sedulur ja nglale'ake wajibe ngaji sak pranatane nggo ngandelake iman tauhide,
 baguse sangu mulya matine  2 x

            Kang aran soleh bagus atine kerana mapan seri ngelmune laku thariqat lan ma’rifate
, uga hakekot manjing rasane 2 x

            Al-Quran qadim wahyu minulya tanpa tinulis bisa diwaca iku wejangan guru waskita,
 den tancepake ing jero dada 2 x

            Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu’jizat Rasul dadi pedoman
 , Minangka dalan manjinge iman 2 x

            Kelawan Allah Kang Maha Suci kudu rangkulan rina lan wengi ditirakati diriyadhohi,
 dzikir lan suluk  ja nganti lali 2 x

            Uripe ayem rumangsa aman dununge rasa tandha yen iman sabar narima najan pas-pasan , kabeh tinakdir saking Pengeran 2 x

            Kelawan kanca, dulur, lan tangga kang padha rukun pada ngasiha iku sunnahe Rasul kang mulya , Nabi Muhammad panutan kita 2 x

            Ayo nglakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate senajan asor tata dhahire , ananging mulya maqam drajate 2 x

            Lamun palastra ing pungkasane ora kesasar roh lan sukmane den gadang Allah swarga manggone , utuh mayite uga ulese 2 x

            Ya Rasulallah salamun ’alaik  Ya Rafi’asyani wad daraji
 ‘Athfatayyaji ratal ‘alami  ,   Ya Uhailal judi wal karomi   2 x       Al Fatihah…….